100 No-Equipment Workouts Vol. 2: Easy to Follow Home Workout Routines with Visual Guides for All Fi

100 No-Equipment Workouts Vol. 2: Easy to Follow Home Workout Routines with Visual Guides for All Fi

B. Daerah buatlah geguritan dgn tema "perpisahan sekolah kls 9" pakai bhs jawa ​

buatlah geguritan dgn tema "perpisahan sekolah kls 9" pakai bhs jawa ​

Jawaban:

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Dhumateng Bapak/Ibu kepala sekolah ingkang kinabektan, saha bapak/ibu guru lan karyawan ingkang kinurmatan, lan kanca kanca ingkang kula tresnani.

Mangga sareng sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika kanthi adicara wasana warsa kelas IX.

Kula minangka wakilipun kelas IX, badhe ngaturaken agunging panuwun marang bapak/ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula lan kanca kanca ngangsu kawruh wonten sekolah niki.

Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi mugi kula sakanca ketampi wonten ing sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit, dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasinipun.

Cekap semantan atur kula, mbok bilih wonten kelepatan, kula nyuwun agengipun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Penjelasan:

Semoga membantu dan bermanfaat!

[answer.2.content]